KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #1

GAYATRI

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Simbahku kakung sing maringi
Maknane, yawis mesti cerdas tur mukti
Ya mugi Gusti ngijabahi

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Rikala awakku dilahirke,
Dudu bidan sing ngrewangi
Mung dukun bayi
La yawis piye meneh, 
Wong ndesa

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Lahirku Selasa Legi
Cilik
Ya niru nasibe
Pancene wong cilik

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Watakku ya ora geseh
Selasa Legi, lakuning geni
Yawis niru geni
Ngaru-ngaru, iso-iso tak pateni
Mung aku iling Gusti

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Rong puluh tahun umurku
Babu gaweanku
Yawis nasibku
Geseh seko jenengku

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Wes ora pengen mukti
Penting dilakoni
Pikiran bening, kalih iling Gusti
Sing tak gawe ugeman
Pituture Simbah rayi

-----KINASIH-----

Comments

Popular posts from this blog