Posts

Showing posts from April, 2019

Geguritan (Katresnan) #3

WARAS WASIS Abot paminta nira Tan nora sun sulayani Puji rahayu Bagya mula, mugi Tak jarak pirsa Mubang mubeng, turut marga Tan sun sedya Lampus jiwa nandang gelo Tinimbange -----KINASIH-----

Geguritan (Katresnan) #2

PEPUJA ING ATI 5 Maret 2019 kepungkur, Selasa Wage. Anggara Cemengan Kang pepuji Mugi Kirim warta, katiyup angin Katon teteja Ing ati -----KINASIH-----

Geguritan (Katresnan) #1

KINASIH (14 Februari 2019) Pat belas  Papat welas Loro, loro, papat Pepet pépét papat Belas welas kawelas Welas asih asuh Manunggal asih Ing kinasih -----KINASIH-----

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #5

GAYATRI (Pangilon) Pangilon Aling-alinging pangilon Pengarepan hayu rupa Rupa sang bathari nendra Gumun, Tan nyata Waliking bebayang rupa Nun inggih pangilon Pangilon kauripan abdi Sulaya mring pribadi Rewang ewuh aya Sranti srantra Miwah mituhu mring Hyang Sukma Eman-eman  Tindak tanduk wong bebrayan Yen sepah samin uga samun Gayatri, ngilo! Pribadimu kaya apa? Ngilo, Gayatri! Semedhi, sirep kang bala wanara Nadyan ari rumangsa sudarsana Ngilo! Dados sinudarsana ing rumangsa Ngilo! Gunane pangilon -----KINASIH-----

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #4

GAYATRI (Kasiman) "Cahyaning gumebyar ambabar abra aburing nirwana Among hyun ancik handaru Ander anderpati andhesthi basama Lindhuk ing hangkara Lakuning sri narendra Datan nora lungkrahing karya Tan nora supe manembahing Widhi Basama kang pikrama kalih kawula" Mas Kasiman Priya kang remen agawe bagya Kebak kinasih datan kawula Nadyan ngono, deweke gumreget Gayatri tansah kayungyun Mas, mas Kasiman Awakku lan awakmu kepanggih ing pakeliran Nora nyangka sarta nora ngira Amargi budaya dados tresna "Dek, kalih sinten?" "Dewekan kemawon mas." "Badhe tekan tancep kayon dek?" "Mboten mas, niki bade wangsul." "Kula rencangi dek." "Sumangga." Sadawane marga, jagong Takon sapa jenengku, tak wangsuli "Gayatri kangmas" Mak tratap dag deg dig dug atiku Mas Kasiman nyekel tanganku, ngrangkul awakku Dag deg dig dug atiku Marga alit tengah wana katuju ing omahku Ya...iku siji sijine dalan Dag deg dig dug atiku Gusti ...

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #3

GAYATRI (Jabang Bayi) Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Rong puluh taun kepungkur biyung babaran Lair aku iki Cilik cimplis Sawise tingkeban, ndelalah, padharanipun biyung krasa "aduh mas....iki piye kok wetengku lara? Aduh Gusti....ana apa iki? Paringi kwarasan lan keslametan duh Gusti....mas....." -tuture biyungku- "Aduh dek....piye iki? Nembe wae mitoni." -bapa gumun tur bingung- Bapa jupuk onthel, biyung nyang mburi  Boncengan, sinambi ngempet lara Yawis ora isa ngempet Uring-uringan sak dawane dalan Dudu bidan, anane dukun bayi Mbah Pariyem asmane Jam loro pajar awakku dilairke Selasa Legi wetone Ngiris tali puser welat nganggone Seko pring tipis sing landhepe jan sak pol e Kloso pandan lemeke Sekar boreh, lenga wangi, kunir, uyah Dom, bolah, pethek, ganthal rong kenyoh Miri gepak jendhul, beras abang, empon-empon Dlingo, bengkle, temu ireng, bawang-brambang ubarampene Dilebokne jero kendhil, senthe alase, disusul embing-embing Kendhil ditutup lemper any...

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #2

GAYATRI  (Bethari) Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Wong ndesa, rupa Bathari Sanadyan babu panggaweanku, Ayu rupaku Lanangan nyawang, jan ora kedep Gelungan methok cecunduk kembang Giwang abang Lipenane abang Tasikan lamat-lamat Njero kembenan Njaba kebayakan Njambon wernane Tak tapihi pinjung jarik sido mukti Stageni Jan ora pakem Ilingo awakmu babu, Tri.... Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Wong ndesa, rupa Bathari Seneng ngalamun dadi Kanjeng Putri Yawis babu Rikma ukel tekuk, polosan Tanpa cunduk Kain ubet-ubet, semekan, utawa kembenan Nyamping batik sogan Nyeker Yawis ngene, pakeme Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Wong ndesa, rupa Bathari Dalem Kanjeng Raden Tumenggung Widjayanto, Ndaraku Resik-resik griya dalem panggaweanku Jenenge babu Ora gumun Penting nyambut gawe, kagem bapa lan biyung ning ndesa Gumuno, yen aku dadi Kanjeng Putri La ya ora iso Pol ya mung Bendara Nanging kanggo apa? Mas Kasiman ing mangsa -----KINASIH-----

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #1

GAYATRI Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Simbahku kakung sing maringi Maknane, yawis mesti cerdas tur mukti Ya mugi Gusti ngijabahi Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Rikala awakku dilahirke, Dudu bidan sing ngrewangi Mung dukun bayi La yawis piye meneh,  Wong ndesa Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Lahirku Selasa Legi Cilik Ya niru nasibe Pancene wong cilik Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Watakku ya ora geseh Selasa Legi, lakuning geni Yawis niru geni Ngaru-ngaru, iso-iso tak pateni Mung aku iling Gusti Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Rong puluh tahun umurku Babu gaweanku Yawis nasibku Geseh seko jenengku Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Wes ora pengen mukti Penting dilakoni Pikiran bening, kalih iling Gusti Sing tak gawe ugeman Pituture Simbah rayi -----KINASIH-----

Jurnal SMK (Kemah Bakti Diesnatalis)

26 Oktober 2013 (Ketika masih Alay) Dies natalis bagian kedua. Hari sabtu, 26 OKtober 2013 di sekolah gue, SMK Negeri 1 Purwodadi mengadakan resepsi hari jadinya yang ke 24th. Hari kedua, gue nggak telat berangkat sekolah lagi. Dresscode- nya batik. Rangkaian acara tersebut dibuka dengan apel pagi. Pembina apel tersebut bapak kesiswaan yaitu mr. Sudono.  Beliau menjelaskan tentang sejarah SMK N 1 Purwodadi.  Setelah apel selesai, kegiatan pada hari itu diisi dengan adanya pentas seni. Di buka juga stan-stan bazar. Gue, Julia, dan mbah Mojo berkeliling. Kali ini gue memisahkan diri dengan anak-anak kelas SENADA (Sekumpulan anak akuntansi dua).  Gue bersama Julia duduk di bawah pohon palem kecil untuk nonton  stand up comedy battle of comic.  Hari itu  panas banget.  Panasnya udara pada hari itu, sedikit terobati karena pentas seni yang dibawakan ada musik raege, dangdut, campursari, pop, dan masih banyak genre lainnya. Gue dan...

Jurnal SMK (Jalan Santai Diesnatalis)

25 Oktober 2013 (Ketika masih Alay) Gue mau cerita acara tadi yang suangat sueru sekaleee ....jalan santai Jum'at-Jum'at di acara dies natalis hari pertama.  Tadi, Gue telat sampai ke sekolah. Ya gak telat-telat amat sih. Langsung cus menuju ke UKS markas para PMR. Parahnya lagi, Gue ketinggalan gak ikut  briefing . Langsung tancap gas menuju ke gerbang depan, dan gue ketinggalan foto-foto bersama a nggota PMR. Hiks hiks, piye njal perasaanmu? Nyakitin eg nda..jleeb banget. :'( Jalan santai di buka. Gue naik sepeda. Soalnya Gue bawa obat P3K. Gue duluan kayak abang abang tukang jualan obat, nawarin siapa yang sakit. (Anehnya anak PMR, mengharapkan orang sakit. ya Tuhan..jahat banget ya) Sampai simpang lima gue berenti. Terus tancap lagi ngonthel. Lalu berenti di depan luwes. Eh, ada adik kelas merah muda matahari( English: Pink sun ) alias pingsan. Temen Gue si Sandra, nelpon yang di mobil. Sandra nelpon Juna, eh..Juna LOLA banget nyautnya. --" D...