KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #2

GAYATRI 
(Bethari)

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Wong ndesa, rupa Bathari
Sanadyan babu panggaweanku,
Ayu rupaku
Lanangan nyawang, jan ora kedep
Gelungan methok cecunduk kembang
Giwang abang
Lipenane abang
Tasikan lamat-lamat
Njero kembenan
Njaba kebayakan
Njambon wernane
Tak tapihi pinjung jarik sido mukti
Stageni
Jan ora pakem
Ilingo awakmu babu, Tri....

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Wong ndesa, rupa Bathari
Seneng ngalamun dadi Kanjeng Putri
Yawis babu
Rikma ukel tekuk, polosan
Tanpa cunduk
Kain ubet-ubet, semekan, utawa kembenan
Nyamping batik sogan
Nyeker
Yawis ngene, pakeme

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Wong ndesa, rupa Bathari
Dalem Kanjeng Raden Tumenggung Widjayanto, Ndaraku
Resik-resik griya dalem panggaweanku
Jenenge babu
Ora gumun
Penting nyambut gawe, kagem bapa lan biyung ning ndesa
Gumuno, yen aku dadi Kanjeng Putri
La ya ora iso
Pol ya mung Bendara
Nanging kanggo apa?
Mas Kasiman ing mangsa

-----KINASIH-----

Comments

Popular posts from this blog