KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #3

GAYATRI
(Jabang Bayi)

Jenengku Gayatri
Yawis cukup Gayatri
Rong puluh taun kepungkur biyung babaran
Lair aku iki
Cilik cimplis
Sawise tingkeban, ndelalah, padharanipun biyung krasa
"aduh mas....iki piye kok wetengku lara? Aduh Gusti....ana apa iki? Paringi kwarasan lan keslametan duh Gusti....mas....." -tuture biyungku-
"Aduh dek....piye iki? Nembe wae mitoni." -bapa gumun tur bingung-
Bapa jupuk onthel, biyung nyang mburi 
Boncengan, sinambi ngempet lara
Yawis ora isa ngempet
Uring-uringan sak dawane dalan
Dudu bidan, anane dukun bayi
Mbah Pariyem asmane
Jam loro pajar awakku dilairke
Selasa Legi wetone
Ngiris tali puser welat nganggone
Seko pring tipis sing landhepe jan sak pol e
Kloso pandan lemeke
Sekar boreh, lenga wangi, kunir, uyah
Dom, bolah, pethek, ganthal rong kenyoh
Miri gepak jendhul, beras abang, empon-empon
Dlingo, bengkle, temu ireng, bawang-brambang ubarampene
Dilebokne jero kendhil, senthe alase, disusul embing-embing
Kendhil ditutup lemper anyar, dibungkus mori anyar
Sisih tengen lawang mendheme
Dipasang uplik nduwure murub selapan suwene
Jabang bayi sopo to jenenge? 
Gayatri
Tangis saben ngingeti, melasi
Welas asih saking Gusti
Kwarasan ngantos sakniki
Duh Gusti....babaran pitung sasi

-----KINASIH-----

Comments

Popular posts from this blog