KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #4
GAYATRI
(Kasiman)
"Cahyaning gumebyar ambabar abra aburing nirwana
Among hyun ancik handaru
Ander anderpati andhesthi basama
Lindhuk ing hangkara
Lakuning sri narendra
Datan nora lungkrahing karya
Tan nora supe manembahing Widhi
Basama kang pikrama kalih kawula"
Mas Kasiman
Priya kang remen agawe bagya
Kebak kinasih datan kawula
Nadyan ngono, deweke gumreget
Gayatri tansah kayungyun
Mas, mas Kasiman
Awakku lan awakmu kepanggih ing pakeliran
Nora nyangka sarta nora ngira
Amargi budaya dados tresna
"Dek, kalih sinten?"
"Dewekan kemawon mas."
"Badhe tekan tancep kayon dek?"
"Mboten mas, niki bade wangsul."
"Kula rencangi dek."
"Sumangga."
Sadawane marga, jagong
Takon sapa jenengku, tak wangsuli "Gayatri kangmas"
Mak tratap dag deg dig dug atiku
Mas Kasiman nyekel tanganku, ngrangkul awakku
Dag deg dig dug atiku
Marga alit tengah wana katuju ing omahku
Ya...iku siji sijine dalan
Dag deg dig dug atiku
Gusti Allah.....napa niki?
Mas Kasiman nyekar gendhing Nyidam Sari
Waiki, deweke kesemsem
"Purun dados garwa kula, dek?"
Dag deg dig dug atiku
"Duka, manut sepuh kemawon." Jawabku
Saya dalu saya adem saya anyep
Angsup ing cendhani raras
Deres bres
Dag deg dig dug atiku
Solahe wong kang nandang wuyung
Andon lulut andon asmara
Anglaksa anggen-anggen
Anguswa saperangane slira
Asir griwa, jaja, astha
Prembayun, madharan, tuntunan
Pawestren
Cepaplak nora kuasa
Angklah!
Asru!
Ciyut anggenku
Rohing abrit pratanda
Anglur selur
Dondom asmaradhana
Gayatri, mas Kasiman nerak pepacuhing Widhi
-----KINASIH-----
(Kasiman)
"Cahyaning gumebyar ambabar abra aburing nirwana
Among hyun ancik handaru
Ander anderpati andhesthi basama
Lindhuk ing hangkara
Lakuning sri narendra
Datan nora lungkrahing karya
Tan nora supe manembahing Widhi
Basama kang pikrama kalih kawula"
Mas Kasiman
Priya kang remen agawe bagya
Kebak kinasih datan kawula
Nadyan ngono, deweke gumreget
Gayatri tansah kayungyun
Mas, mas Kasiman
Awakku lan awakmu kepanggih ing pakeliran
Nora nyangka sarta nora ngira
Amargi budaya dados tresna
"Dek, kalih sinten?"
"Dewekan kemawon mas."
"Badhe tekan tancep kayon dek?"
"Mboten mas, niki bade wangsul."
"Kula rencangi dek."
"Sumangga."
Sadawane marga, jagong
Takon sapa jenengku, tak wangsuli "Gayatri kangmas"
Mak tratap dag deg dig dug atiku
Mas Kasiman nyekel tanganku, ngrangkul awakku
Dag deg dig dug atiku
Marga alit tengah wana katuju ing omahku
Ya...iku siji sijine dalan
Dag deg dig dug atiku
Gusti Allah.....napa niki?
Mas Kasiman nyekar gendhing Nyidam Sari
Waiki, deweke kesemsem
"Purun dados garwa kula, dek?"
Dag deg dig dug atiku
"Duka, manut sepuh kemawon." Jawabku
Saya dalu saya adem saya anyep
Angsup ing cendhani raras
Deres bres
Dag deg dig dug atiku
Solahe wong kang nandang wuyung
Andon lulut andon asmara
Anglaksa anggen-anggen
Anguswa saperangane slira
Asir griwa, jaja, astha
Prembayun, madharan, tuntunan
Pawestren
Cepaplak nora kuasa
Angklah!
Asru!
Ciyut anggenku
Rohing abrit pratanda
Anglur selur
Dondom asmaradhana
Gayatri, mas Kasiman nerak pepacuhing Widhi
-----KINASIH-----
Comments
Post a Comment