KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #5

GAYATRI
(Pangilon)

Pangilon
Aling-alinging pangilon
Pengarepan hayu rupa
Rupa sang bathari nendra
Gumun,
Tan nyata
Waliking bebayang rupa
Nun inggih pangilon

Pangilon kauripan abdi
Sulaya mring pribadi
Rewang ewuh aya
Sranti srantra
Miwah mituhu mring Hyang Sukma

Eman-eman 
Tindak tanduk wong bebrayan
Yen sepah samin uga samun
Gayatri, ngilo!
Pribadimu kaya apa?
Ngilo, Gayatri!
Semedhi, sirep kang bala wanara
Nadyan ari rumangsa sudarsana
Ngilo!
Dados sinudarsana ing rumangsa
Ngilo!
Gunane pangilon

-----KINASIH-----

Comments

Popular posts from this blog