Posts

Geguritan (Katresnan) #3

WARAS WASIS Abot paminta nira Tan nora sun sulayani Puji rahayu Bagya mula, mugi Tak jarak pirsa Mubang mubeng, turut marga Tan sun sedya Lampus jiwa nandang gelo Tinimbange -----KINASIH-----

Geguritan (Katresnan) #2

PEPUJA ING ATI 5 Maret 2019 kepungkur, Selasa Wage. Anggara Cemengan Kang pepuji Mugi Kirim warta, katiyup angin Katon teteja Ing ati -----KINASIH-----

Geguritan (Katresnan) #1

KINASIH (14 Februari 2019) Pat belas  Papat welas Loro, loro, papat Pepet pépét papat Belas welas kawelas Welas asih asuh Manunggal asih Ing kinasih -----KINASIH-----

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #5

GAYATRI (Pangilon) Pangilon Aling-alinging pangilon Pengarepan hayu rupa Rupa sang bathari nendra Gumun, Tan nyata Waliking bebayang rupa Nun inggih pangilon Pangilon kauripan abdi Sulaya mring pribadi Rewang ewuh aya Sranti srantra Miwah mituhu mring Hyang Sukma Eman-eman  Tindak tanduk wong bebrayan Yen sepah samin uga samun Gayatri, ngilo! Pribadimu kaya apa? Ngilo, Gayatri! Semedhi, sirep kang bala wanara Nadyan ari rumangsa sudarsana Ngilo! Dados sinudarsana ing rumangsa Ngilo! Gunane pangilon -----KINASIH-----

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #4

GAYATRI (Kasiman) "Cahyaning gumebyar ambabar abra aburing nirwana Among hyun ancik handaru Ander anderpati andhesthi basama Lindhuk ing hangkara Lakuning sri narendra Datan nora lungkrahing karya Tan nora supe manembahing Widhi Basama kang pikrama kalih kawula" Mas Kasiman Priya kang remen agawe bagya Kebak kinasih datan kawula Nadyan ngono, deweke gumreget Gayatri tansah kayungyun Mas, mas Kasiman Awakku lan awakmu kepanggih ing pakeliran Nora nyangka sarta nora ngira Amargi budaya dados tresna "Dek, kalih sinten?" "Dewekan kemawon mas." "Badhe tekan tancep kayon dek?" "Mboten mas, niki bade wangsul." "Kula rencangi dek." "Sumangga." Sadawane marga, jagong Takon sapa jenengku, tak wangsuli "Gayatri kangmas" Mak tratap dag deg dig dug atiku Mas Kasiman nyekel tanganku, ngrangkul awakku Dag deg dig dug atiku Marga alit tengah wana katuju ing omahku Ya...iku siji sijine dalan Dag deg dig dug atiku Gusti

KUMPULAN CERITA PUISI BAHASA JAWA #3

GAYATRI (Jabang Bayi) Jenengku Gayatri Yawis cukup Gayatri Rong puluh taun kepungkur biyung babaran Lair aku iki Cilik cimplis Sawise tingkeban, ndelalah, padharanipun biyung krasa "aduh mas....iki piye kok wetengku lara? Aduh Gusti....ana apa iki? Paringi kwarasan lan keslametan duh Gusti....mas....." -tuture biyungku- "Aduh dek....piye iki? Nembe wae mitoni." -bapa gumun tur bingung- Bapa jupuk onthel, biyung nyang mburi  Boncengan, sinambi ngempet lara Yawis ora isa ngempet Uring-uringan sak dawane dalan Dudu bidan, anane dukun bayi Mbah Pariyem asmane Jam loro pajar awakku dilairke Selasa Legi wetone Ngiris tali puser welat nganggone Seko pring tipis sing landhepe jan sak pol e Kloso pandan lemeke Sekar boreh, lenga wangi, kunir, uyah Dom, bolah, pethek, ganthal rong kenyoh Miri gepak jendhul, beras abang, empon-empon Dlingo, bengkle, temu ireng, bawang-brambang ubarampene Dilebokne jero kendhil, senthe alase, disusul embing-embing Kendhil ditutup lemper any